Halaman

Senin, 17 Juli 2017

PIDATO BASA JAWA

Pidato Ing Dalem Saklebetipun Wulan Romadhon

Assalamu’alaikum Wr.Wb

     Para sesepuh ing kula luhuripun kawruh, Bapak Kepala Desa sapamongipun ingkang kula hormati, Para Ketua RW saha Ketua RT ing wewengkon Desa Babakan mriki ingkang kula luhuring budi, Bapak lan Ibu ingkang kula hormati.
     Langkung rumiyin monggo kula lan panjenengan sedaya raos syukur dhumateng ngersanipun Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun sehinggo kito sedaya wekdal niki saged ngelampahi puasa ing wulan ramadhan niki kanti mboten wonten alangan setunggalipun punapa-punapa mugiyo wulan romadhon kito sedoyo saged ngginakaken kanti sae kelawan ngelampahi amalan-amalan ingkang wajib lan sunah. Lan mugi-mugi nopo ingkang kito sedoyo lampahi, arup amaln wajib lan sunah kolo wau dipun terima dhumateng Allah SWT.
      Solawat lan salam mugiyo tetep dipun paringaken nabi kito Muhammad SAW,keluarganipun poro sahabatipun ugi sedaya kaum muslimin ingkang purun ngelampahi ajaran islam kelawan estu-estu lanleres-leres. Mugiyo kito sedaya kalebet umatipun ingkang purun ngamalaken ajaran islam kalewan leres.
      Poro rawuh sedaya ingkang kula hormati
Kula lan panjenengan sedaya wonten wulan romadhon niki dipun wajibaken nglampahi siam. Kados dawuhipun Allah SWT ingkang artosipun :
“ He wong-wong kang podho iman diwajibna marang siroh kabeh puasa kaya dene diwajibno puasa marang wong sak durunge siro kabeh mugo-mugo siro kabeh dadi wong sing padha taqwa. “
Poro rawuh sedaya ingkang kula hormati
Siam ramadhan niki saged nyukulaken katah sanget keutamaanipun ing antawisipun inggih menika :
•  Saged maringi pendidikan raos sifat kasih lan sayang
•  Nyehatake jasmani
•  Nggiatno ing kamulyaan
•  Saged ngendalikaken howo nafsu
•  Sabar
•  Kangge latihan nyerahna diri dhumateng allah
•  Lan ngaweruhi nikmatipun allah

Kaum muslimin sedaya ingkang kula hormati
Mekaten kula wau ingkang saged kula aturaken, mugiyo kito wonten ing wekdal lan saklebetipun wulan ramadhon niki saged kanthi sae nglampahi amalan ingkang wajib lan sunah. Mugiyo nopo ingkang kula lan panjenengan sedaya lampahi niki dipun terima dhumateng Allah SWT.
Kupat disiram santen
Menawa kula lepat nyuwun pangapunten

Wassalamu’alaikum Wr. Wb





                

1 komentar:

  1. gioco digitale | stillcasino
    We are a gioco digitale real Casino site. 카지노사이트 Casino's are ミスティーノ owned and operated by Mohegan Gaming & Entertainment, and are owned by Mohegan Sun. You will enjoy a first deposit

    BalasHapus