Halaman

Senin, 17 Juli 2017

TUGAS BAHASA JAWA - TEKS SANDIWARA BASA JAWA

Nemu Dompet

Narator : Bocah-bocah pada bali saka sekolah. Miftah lan Tyas banjur bali maring omahe dhewek-dhewek. Wektu Miftah lagi ngenteni Tyas neng perek halte. Miftah nemu dompet perek pager taneman ora adoh sekang halte.

Miftah : Apa kae ? Barang rongsokan kayane. Mbok teyeng didol maring Tyas. Haha
Narator : Jebule sing dikira barang rongsokan mau kuwe dompet. Banjur Tyas teka.
Tyas : Apa si kuwe ? Dompete sapa ? Ko nemu neng ngendi ? Kapan ko nemu ? Ko nyolong ya ?
Miftah : Apa si lah yas. Takone siji-siji si ngapa. Aku mbok bingung njawabe. Aku nemu dompet kiye neng kene. Aku ben ora ngerti dompete sapa. Tek bukak ben urung.
Tyas : Cepetan bukak ya
Miftah : Iya-iya dela
Narator : Banjur si Miftah mbukak dompete.
Miftah & Tyas : Ih ana duwit
Miftah : Ana KTPne juga alias Kartu Tanda Pelajar
Tyas : Iya kayane KTP sing nduwe dompet kiye
Miftah : Iya ya. Alamate ora adoh kang kene. Yuh balekna
Tyas : Ora usah leh, nggo ngapa mbalekna, mbok langka untunge nggo dhewek. Mending sih dibagi loro bae nggo dhewek.
Miftah : Ora lah. Kentir ya ko. Kuwe mbok mangan hak wong liya jenenge. Kepriwe angger sing nduwe dompet lagi kebingungan nggolet dompete.
Tyas : KDK. Kuwe Derita Kae. Sapa sing prentah dadi wong ora ngati-ati. Mbok salaeh kae. Dompet kiye mbok wis dadi nggone dhewek, karepe dhewek arep dingo nggo ngapa.
Miftah : Iya ya. Ya wis lah. Bagi loro bae. Ya wis bali yuh.
Narator : Miftah lan Tyas bali ming omahe dhewek-dhewek. Ora suwe Tyas lunga maring omahe Miftah arep ngajak Miftah dolan bareng.
Tyas : Miftah…Miftah… dolan yuh.
Andra : Eh ana Tyas. Mlebu ngeneh, Miftahne lagi dikengken ibune nggarap PR dhisik, tembe olih metu dolan.
Tyas : Nggih,, Mba.
Andra : Tyas arep nginum apa ? Ben mba gawekna
Tyas : Mboten usah mba. Mangke ngerepotna
Andra : Ora koh. Mbok kur gawekna banyu bening. Kecuali ko mrentah mba kon nggarapna PRe ko. Kuwe tembe ngerepotna.
Tyas : Hahaha.. Mba ana ana bae. Toya bening atis mawon mba.
Andra : O.. iya. Dela ya
Narator : Banjur Ibune Miftah rawuh pengin kandhahan karo Tyas
Ibu : Eh ana Tyas ya.
Tyas : Inggih bu, kula Tyas. Kepripun kabaripun bu ?
Ibu : Apik wae. Kowe arep ngaseng Miftah dolan ya ?
Tyas : Mmm inggih bu. Bu kula angsal nyuwun priksa mboten ?
Ibu : Olih. Arep takon apa ?
Tyas : Menapa Miftah anggenipun nggarap PR mesti seniki bu. Kan mangke ndalu saged.
Ibu : Iya si. Tapi kan angger mbengi-mbengi kae bocah mbok keturon. Dadi repot mbok ?
Tyas : Ohh, kados menika nggih bu. Nggih sampun. Nenggo sekedap nggih mboten nopo-nopo nggih bu.
Ibu : Hahaha,, ya kena
Narator : Si Andra banjurane teka
Andra : Tyas, kiye wedange diinum ya.
Tyas : Ya mba. Matur nuwun.
Andra : Ibu, ibu wonten arisan seniki mbok ?
Ibu : Hooalah. Iya ibu kelalen. Gara-garane keasiken kandhah karo Tyas si. Haha. ibu lunga dhisik ya. (ngorong2 lirih) Miftah, ibu lunga dhisik ya arep arisan.
Miftah : Nggih bu.
Narator : Ora suwe banjur
Tyas : Kiye Miftah suwe banget si nggoli nggarap PR. Aku bae nggarape ora ngasi setengah jam wis rampung.
Miftah : Eh pangapura ya. Kesuwen ya ? Soale PRe akeh banget (karo mlaku maring teras)
Tyas : Wis lah, ora usah ngeles. Aku wis ngerti koh, emang uteke ko bae sing pas-pasan. Ngomong bae angel.
Miftah : Ben
Narator : Neng teras omahe Miftah bocah loro mau pada jagongan. Miftah ngetokake dompet sing mau ditemokna neng halte lan mbagi isi sing ana neng dompet karo Tyas.
Tyas : Cepetan si ngapa. Ko suwe temen.
Miftah : Iya kiye. Isine ana 800 ewu. Angger dhewek bagi loro. Kowe olih 400 ewu , aku olih 400 ewu. Neng kene ya ana kartu ATM kiyeh.
Tyas : Kuwe jorna. Ora penting.
Narator : Banjur Kartika teka ming ngumaeh Miftah (Batir pereke Mba Andra)
Kartika : Eh ana Miftah karo Tyas. Lagi ngapa kowe pada nangkene ? Eh kuwe apa ? Duwite sapa kuwe ?
Tyas : Artone dhewek mba.
Kartika : Ra mungkin. Kowe mbok mesih cilik. Apa ana wong tua ngaweh duwit seakeh kuwe. Mba tek takon Mba Andra ya.
Miftah : Sanes-sanes Mba. Niki sanes artone dhewek. Nanging arto nemu teng margi.
Kartika : Lah trus kenangapa dibagi-bagi kaya kiye ?
Miftah : Tyas sing prentah Mba.
Kartika : Jajal tek deleng (karo mriksa dompet). Kiye mbok ana Kartu Tanda Pelajare. Kowe kan teyeng ndeleng alamate. Alamate ben ora adoh kang kene koh.
Miftah : Wau sih rencanane ajeng tek balekna kula Mba. Nanging jere Tyas ora usah.
Kartika : Deneng si kaya kuwe ? Dhewek ora olih kaya kuwe. Kuwe jenenge mangan hake wong liya.
Miftah : Kula sampun sanjang kados niku marang Tyas. Nanging kae ngomong sanes urusane dhewek. Salaeh kae kenangapa kae mboten ngatos-atos.
Kartika : Mulane dhewek mbalekna dompete kae bocah lan ngomong supaya lewih ngati-ati. Kuwe olih pahala loh.
Tyas : Pangapunten Mba. Kula khilaf
Miftah : Yuh balekna dompet kiye maring bocaeh.
Narator : Miftah lan Tyas banjur lunga maring omahe sing nduwe dompet, arep mbalekna dompet iku.
Tyas : Assalamualaikum.
Lisna : Wa’alaikumsalam . Sapa ?
Tyas : Apa bener kiye omahe Lisna Wati
Lisna : Ya bener. Ana apa ya ? Lan kowe sapa ?
Miftah : Aku Miftah lan kiye kancaku Tyas. Dhewek bocah loro maring ngeneh arep mbalekna dompet iki.
Lisna : Dompet ? Dela ya, tek cek dhisik. Ngeneh mlebu.
Narator : Lisna banjur mlebu ming njero kamare arep mriksa dompete. Miftah lan Tyas njagong karo ndeleng-ndeleng omahe.
Lisna : Wah iya. Dompetku ilang, kesuwun kowe cah loro wis mbalekna dompetku.
Tyas : Ya, kuwi ya wis kewajibane dhewek.
Miftah : Ya bener.
Lisna : Sepisan maning kesuwun ya.
Miftah & Tyas : Ya padha-padha.

Pengalaman kue mau ndadekake Miftah lan Tyas ngerti tanggung jawab lan kejujuran.

Sekian dari kami. 

0 komentar:

Posting Komentar